Sabtu, 28 Februari 2009

Memedi


Omahku ning Bangkle, pinggir dalan gedhe. Saktemene anggonku duwe omah ning kawasan sing akeh kucinge. Tanggaku sing duwe toko pinggir prapatan duwe kucing. Werna-werna wulune. Ndilalahe aku ya seneng kucing.

Amarga aku seneng kucing, kucing-kucing tanggaku sing dolan menyang omahku daktampa apik. Dakumbarke dolanan ana omahku. Kadangkala mlebu kamar, kadangkala mampir pawon. Kadangkala menek dhuwur gendheng. Walah...saben bengi padha ngeang-ngeong, saut-sautan. Sakmono aku seneng omahku dadi rame. Nanging kok Ibu ora seneng kucing.

Ana kucing siji nanging ora kucinge tanggaku sing duwe toko kuwi. Wulune belang-belang ireng ana awu-awune. Mung kucing siji kuwi sing ora tau ngeang-ngeong. Kucing iku watake meneng banget. Saben mlebu omah ya ora ngeang-ngeong. Banjur mlebu kamar, meneng nanging dakumbarke.

Ngerti kaya ngono, Bapak nesu. Kucinge diusir Bapak, amarga Bapak ngendika yen ana kucing meneng wae mlebu kamar kuwi isa uga kucing dadi-dadian. Sakmono aku manut wae. Yen kucing dadi-dadian tenan, piye?!

Ndilalahe.... ora ana dhuwit ilang sakbubare kucing iku gawene dolan. Dakpikir-pikir ya... Karuan kucing iku sing saiki dakjenengi Simon gawene mlebu kamar, lha wong akeh curut cilik-cilik padha blayon ning jero kamar. Mulane, Simon gawene mlebu kamar anane golek curut utawa tikus. Mula iku banjur Simon gawene dolan, mlebu kamar, omahku dadi ora didolani curut maneh.

0 komentar:

lihat cerpenku di cerpen.net